Ketik di sini apa yang ingin dicari lalu Klik “Cari Di Sini”

Cerpen Bahasa Jawa: Kucing Sing Pinter Ngalembana


Kucing Sing Pinter Ngalembana
Cerita Pendek Bahasa Jawa

Suwijining ndina Kucing sing endah banget wulune mlaku-mlaku ning ngomah. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Dadi dheweke dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing apik lan rupane sing ayu, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing kurang pengalaman.

"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?

Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin.

Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh

"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?

Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.

Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.

"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni  pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"

Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi. Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening liyan (Undil - 2012)


Cerpen Bahasa Jawa: Kucing Sing Pinter Ngalembana
Sumber : http://duniashinichi.blogspot.com/

ARTIKEL TERKAIT: