Ketik di sini apa yang ingin dicari lalu Klik “Cari Di Sini”

Cerpen Bahasa Jawa: Sambung Tresna Karo Lelembut


Sambung Tresna Karo Lelembut
Jagading Lelembut
Dening : Nini Klenyem

Dhek emben sasi sing wis kepungkur, penulis jagong manten neng Sragen, ketemu kanca lawas dhek isih ana SLTA biyen. Padha dene ora ngira, yen ing pista manten kuwi aku lan dheweke bakal ketemu. Jarene kancaku mau, sing kagungan kersa mantu kuwi mbakyune, dene aku rak biyen kanca tunggal kelas. Maklum suwe ora ketemu, mula aku wong loro milih enggon rada kiwa anggone lungguh. Sepisan olehe crita ben ora ngganggu tamu liyane, kejaba kuwi bisa crita apa wae bebas, merga ora keganggu tamu liya sing mesthi wae ora sambung, wong? ora kenal lan ora sak pejagong. Bareng wis takon sak suwene sakbubare sekolah, lan sak teruse ketemu wis dadi wong tuwa iki, dheweke njur takon ngene :
?Mbak apa garwamu ki asmane pak Sarjoko?? Aku mangsuli:
?Iya.? Dheweke njur kandha :
?O layak? dadi sing sok nulis kae kowe ta?? Aku mung ngguyu.?Ha nek ngono mbak, aku tak crita ya, tulisen, saiki rungokna!? Aku mapan lungguh sing kepenak, karo siap ngrungokake critane kancaku mau. Bareng ngerti uku wis serius anggonku arep ngrungokake, dheweke banjur wiwit crita. ?Ngene mbak, ing ndesaku kana, aku nduwe tangga sing wis apik banget karo aku, prasasat wis kaya sedulur dhewe. Nganti apa wae dicritakke karo aku, senajan kuwi wadi. Wong mau jenenge bu Kadri, lha kakunge jenenge Raharjo. Anggone bebrayan wis suwe, pinaringan momongan telu sing cilik dhewe isih ana SD. Bu KAdri kuwi wonge putih semok tur gagah, ning ora klebu sulistya. Grapyak? sumanak? pinter srawung, mung emane thukmis, gampang ketarik priya liya senajan wong kuwi wis nduwe bojo kaya dheweke. Mung gumunku mbak, wong sing disiri karo bu Kadri kuwi kok ya olehe mesthi nglanggati.

Emane bu Kadri kuwi uripe mung klebu pas-pasan, mergane kakunge kuwi ya klebu mung dhanyang buruh tur ya klebu bodho tinimbang putrine. Mula ditinggal ngiwa barang ya meneng wae. Sing keri dhewe, angger wong wis padha ngerti, nek bu Kadri gandheng karo pak RT ne. Bu RT ngerti kok ya meneng wae.? Mula aku njur dhedhes bu Kadri ngene : ?Kowe ki ra samar nek di krampyang bu RT pa bu?? Wangsulane bu Kadri : ?Ora dhik, wong aku melu ngrewangi olehe gawe omah sing anyar iki kok. Wista, nek ora aku sing ngrewangi tuku kayu? gendheng.. lan material liyane, durung mungkin dadi.? Kancaku mau nanjih :

?Ora mbak lha dhuwitmu saka ngendi entukke?? Bu Kardi nyedhak karo kandha :
?Tak blakani ya dhik, ning aja kandha sapa wae!? Kancaku sumaguh.
?Dhik, sejatine rak wis sauntara, kejaba aku hubungan karo pak RT kuwi, aku ya nduwe pacar sing wis kaya bojone. Dheweke kuwi lelembut sing tansah aweh dhuwit sing kena ndak enggo nguja pak RT kuwi.? Kancaku nanjih :

?Olehmu tetemon ana ngendi, bu??
?Ya ana omahku dhik, dheweke njanjeni pendhak malem Jum?at nek wis wengi kahanan sepi. Janji wis ana angin semiyut rada gemrubug lan lampu kamarku mak pet mati, ya kuwi dheweke teka njur langsung ngekeb aku. Biasane aku mung takon, Kowe wis teka?? Dheweke mangsuli cetha : ?Uwis!? Yen wis ngono dhik, dheweke njur ngarasi aku sak katoge lan tangane oprasi neng perangane awak-awakku sing marahi kerangsang. Yen aku wis ora kuwawa ngampah, dhik, dheweke tatrap ngajak aku mabur neng sandhuwuring mega sap pitu, ngrasakke nikmate swarganing daging sing tanpa upama. Aku marem, sajake kana ya luwih dening marem, nyatane njur bleg seg merem turu. Semono uga aku ya njur les turu neng kekebane. Gagat esuk, lamat-lamat aku krungu lan uga krasa yen ana? swara gemrubug lan angin sumiyut, lan njur mak byar lampun kamarku? urip, ya nalika kuwi dheweke lunga. Lan let sedhela njur keprungu adan Subuh.?
?Sampeyan ora wedi bu, karo sing ngemori sampeyan kuwi?? kancaku nanjih.
?Wedi piye dhik, wong rupane ya bagus, dedek piyadege ya kaya wong-wong kuwi, kulite ya alus. Wista pokoke nyenengke. Lan jroning ulah salulut, antuke kemareman jan nagihi ngluwihi priya sing wis tau tak rasakke? durung ana sing madhani.? Ngono ketrucut tembunge bu Kadri sing sajake lali, yen iku tumindak slingkuh. Kancaku mau jare takon maneh:
?Apa nek teka kuwi ora mbok suguh apa-apa, bu?,? dheweke mangsuli :

?Ora dhik, mung welinge nalika arep teka sepisanan biyen, aku dikon nyedhiyani gedhang emas telung iji sing mateng kuning. Ning tan kocapa dhik, esuk yen dheweke wis lunga, tak tiliki gedhang mau wis dadi ireng lonyot. Sidane ya ming njur tak buang.? Kandhane bu Kadri. Aku sing dicritani olehku nggatekke tenan, supaya aku bisa nulis bener kaya critane. Bareng kancaku mau meneng, aku njur nerang.
?Njur sateruse piye, dhik?? kancaku mangsuli :
?Anu mbak, aku krungu-krungu dheweke ki sabanjure seneng karo guru seni, ning priyayine saka pondhok pesantren, sing jare uga mulang ngaji barang. Dadine sing dipencuti bu Kadri kuwi kejaba ngibadahe tumemen, ning ya guru seni lan baut micara, wong jare nek disuwun medhar sabda ya baut tur sastrane bener.? Kancaku sing uga penulis mau mungkasi critane karo kandha ngene :
?Ya muga-muga wae mbak, priya sing dipencuti iki, bisa mbalekake kesadharane bu Kadri, lan misahake sesambungane karo makhluk seje alam kuwi, mundhak dadi wong ora lumrah. Iya nek ora ngapa-ngapa, nek mengko nganti ana thukulane, njur kaya ngapa dadine.? Mengkono critane kancaku penulis mau. Para maos pitados mangga, dene ora ya ora dadi ngapa, jer maos mono sawetara kena kagem panglipuring penggalih.

Rampung


Cerpen Bahasa Jawa: Sambung Tresna Karo Lelembut
Jagading Lelembut
Dening : Nini Klenyem
Sumber : http://cerkak-jawa.com/

ARTIKEL TERKAIT: