HP
Cerpen Bahasa Jawa: Soto Angkringan
Wis bola-bali
Paimin ngomong karo Inah bab karepe arep tuku HP. Dheweke kepingin
kanca-kancane sing wis padha duwe HP. Biyen mono HP isih larang. Sing nyekel HP
mung wong-wong sing dhuwite akeh. Penghasilane gedhe. Bakul kaya Paimin ngendi
ana sing nduweni HP. Biyen kuwi ora kabeh uwang cekelan HP. HP isih arang Biyen
merek HP sing mlebu Indonesia urung akeh kaya saiki. Saiki merek HP neka-neka,
jenise uga neka-neka, regane uga neka-neka. Ana sing murah ana sing larang.
Pokok regane saingan. Kaya-kaya malah murah-murahan, sebab golek pelanggan.
Sapa wae
saiki wis cekelan HP. Bocah-bocah SMP jalukane HP, SMA apa maneh. Sansaya bocah
kuliahan sing adoh saka wong tuwa. Rata-rata budhal saka asale digawani HP.
Khawatir menawa mengko ana apa-apa. Disangoni HP supayane bisa cepet kirim
kabar. Ora ngertia kuwi marakake anak ora mandiri. Sithik sithik sms.
Sithik-sithik telpun. Kapan ana masalah bisa dirampungi dhewe menawa mangkono
kuwi mau carane.
Saiki wis ora
jaman kabar-kabaran liwat surat. Kabare sms-an. Apa telpun. Ora mangsa maneh
ngendepke pikiran lan pengalaman lewat tulisan. Ana masalah sithik langsung
sms-an. Ana apa-apa ora dipikir dhisik, langsung telpun. Malah menawa bocah
isih cilik, pikirane isih cekak, kedadeane bisa luwih mrihatini maneh. Kaya
kae, si Lela, anake tanggane, nganti ora gelem sekolah menawa dheweke ora
ditukokake HP. Jare kanca-kancane kabeh wis duwe HP. Mung dheweke sing durung
duwe. Dheweke isin, ndeweki ora dhuwe HP. Kaya-kaya dheweke kuwi paling kere
sakanca. Kaya-kaya wong tuwane ora kuat nukokake HP. Lela mutung, gelem sekolah
menawa wis ditukokake HP. Lela ngerti, wong tuwane ora bakal kere mung nukokake
dheweke HP. Bapak ibune nyekel HP dhewe-dhewe. Wong kabeh dhuwe pagawean
dhewe-dhewe. Saben dina wong tuwane mesti lelungan nang papan panggaweane. Lela
krasa diumbar. Ora digatekake karo wong tuwane. Njaluk HP wae ora dituruti. Apa
maneh dheweke rumangsa anak siji-sijine. Bakune, dheweke kudu nyekel HP kaya
kanca-kancane.
Menawa
ditakoni arep dienggo ngapa, semaure ya mbingungi. Ora jelas. Wong saben dina
nang sekolahan ketemu karo kanca-kancane. Menawa ana masalah bisa dirembug ana
ing sekolahan. Urusane paling-paling bab pelajaran, apa maneh. Wong tuwane
mono, cekelan HP lantaran panggaweane pancen mbutuhake kuwi. Urusan kantore
akeh, dadi butuh HP dienggo ngrampungi gawean. Dituturi karo wong tuwane, Lela
wis ora manut. Wis ora mikir maneh dhuwe HP kuwi mengko migunani kanggo apa tumrap
dheweke. Bakune dheweke dhuwe HP kaya kancane titik. Akhire wong tuwane ora
bisa selak. Bisane mung nuruti karepe anak, tinimbang anak ora sekolah.
Saiki kahanan
pancen wis bedha. Bocah sekolah cekelane HP. Bakul-bakul nututi cekelan HP.
Kabeh bakul rata-rata wis cekelan HP. Kancanane Paimin ya ngono. Sing dhuwe
warung kae, kang Bejo, biyen ora duwe HP. Kang bejo kuwi, saliyane ngladeni
wong sing tuku moro nang warung, uga ngladeni sing pesen maem kon ngeterke,
ketring. Pas dheweke ngeterke ketring, trus takok sesuk pesen maneh apa ora,
malah ditakoni nomer HPne pira. Jare arep disms mengko bengi, sesuk arep pesen
maneh apa ora. Kang Bejo ya bingung. Wong dheweke ora dhuwe HP kok ditakoni
nomer HP. Margo akeh langganan sing kaya mangkono, mula kang Bejo nuli-nuli
tuku HP.
Dina-dina iki
Paimin sing mbanyaki arep tuku HP. Bojone nganti bengeng ngrungokake omongane
Paimin bab pepinginane arep tuku HP.
“Tuku HP ki
arep dienggo ngapa tha Pakne. Nganti kaya gawehani ki juragan angkringan sing
duwe angkringan nang ngendi-endi. Lha wong angkringane mung siji. Tepunge ya
mung karo bakul cakar. Karo wong pasar. Saben dina ya ketemu wong kudu njupuk
barang nang pasar. Ngono kok sajak akeh urusan, arep dhuwe HP barang. Mbok ya
dipikir menawa dhuwe pepinginan kuwi. Gunane apa. Menawa ora ana gunane, mung
dienggo gegojekan karo kanca, mbok ya rasah dhuwe HP kae ngapa. Menawa mung
arep dienggo mbagusi wae, wis ora usah tuku HP.”
Inah sing ora
setuju karo karepe Paimin grenengan dewe ora karu-karuan. Menawa anak-anake,
setuju wae bapake tuku HP. Jare mengko men bisa nyilih dienggo sms kancane,
nakokake pe-er menawa ora bisa njawab. Margo kuwi, anake, loro-lorone mbujuki
bapake supayane cepet-cepet tuku HP. Kancanane wis akeh sing dhuwe HP. Malah
wis dicatheti kabeh nomer-nomere. Mengko menawa bapake wis tuku HP bisa
cepet-cepet sms kanca-kancane kuwi mau.
Inah, tetep
karo panemune. HP kuwi ora akeh gunane tumrap keluargane. Malah mengko anake
ora padha tau sinau. Menawa ora bisa nggarap pe-er langsung sms kancane.
Bisa-bisa olehe sms-an ora tekne angel pe-er-e ning margo males ora gelem
mbukak buku wae.
“Apa ya ora
njalari bodho menawa ngono kuwi,” ujare Inah.
Anak-anake
ora padha ngrungokake pituture Makne, kepingine ya bapake dhuwe HP. Malah
janji-janji ora bakal lali sinau. Pokoke menawa jalaran ora bisa-bisa tenan ora
bakal takon masalah pr marang kanca-kancane. Arep takon mung nek babar blas ora
bisa nggarap. Bocah loro kuwi mau pancen klop. Kaya mimi lan mintuna. Kompak.
Ngalor, ngalor kabeh. Ngidul, ngidul kabeh. Samono uga bab HP. Kompak, mbiyantu
bapake mbujuki Inah men ngolehake bapake tuku HP.
Inah anyel,
saben-saben bapak sak anak rembugane bab HP. Ora awan ora mbengi. Pokoke ora
ngerti wayah. Sithik-sithik HP. Hp maneh, HP maneh. Paimin dhewe ora wani
terang-terangan ngomong bab HP marang Inah, mung sepisan. Nalika pepinginan
kuwi nyedhul mak trucul nang pikirane ora kena diampet maneh. Kawit sepisanan
kuwi Inah wis ora setuju. Maido terus apa sing diomongake karo Paimin.
Rembugane ora nganti rampung. Durung-durung Inah wis ora setuju. Paimin durung
rampung olehe omongan, wis disauri karo Inah. Bola bali arep ngomong, lagi wae
ngomong arep tuku HP, durung dijlentrehake arep dienggo ngopo, wis diwangsuli
karo Inah. Inah menawa wis ngomong rak ya borongan. Ora kena distop menawa dudu
karepe dhewe. Kadhang wis ditinggal lungo, menawa durung enthek apa sing arep
diomongake, ya durung mandhek olehe omongan. Ngomong dhewe. Kadhang nganti ora
rumongsa wis ora ana sapa-sapa maneh nang sandingne. menawa wis ngerti
ditinggal lunga, suarane dilirihke. Grundelan dhewe.
Awan kuwi,
anak-anake padha lagi wae mulih sekolah. Lingguhan karo bapake sinambi nyuweki
kertas sing arep dienggo mungkusi sega.
“Pak, kapan
mundut HP?” pitakone anake sing gedhe.
“Inggih Pak.
Bapak pripun tha. Ngendikane badhe mundhut HP. Kok pun dangu sanget dereng
sios-sios anggenipun badhe mundhut niku kepripun. Janjane, sios bhoten bapak
niku badhe mundhut HP?” anake sing cilik nimbrung pitakone mbakyune.”
“Enggal-enggal
kemawon mundhute HP nggih, Pak. Kula sakniki kathah pe-er, saniki sampun ajeng
ulangan semesteran, dados kathah pe-er. Pe-er-e angel-angel, Pak. Mangkih
menawi kula mboten saget nggarap pripun? tanglete dateng rencang pripun? Menawi
mboten saget tanglet, trus mboten saget nggarap, tiba mburi biji kula mboten
sae pripun? Nanging estu lho, Pak, kula pareng ngampil menawi bapak mangkih
kagungan HP.” anake sing gedhe nambahi olehe matur.
“Inggih pak,
kula nggih selak kepingin nyekel HP. Kajenge boten ketinggalan jaman, Pak,”
ujare anake sing cilik mbujuki maneh.
“Eh, Wit,
jajal kowe matura marang makmu kana. Wis ngolehi durung,” Paimin kongkon anake
sing cilik. Pancen Paimin ora wani ngomong maneh bab HP marang bojone. Menawa
lagi kekandhan bab HP karo anak-anake wae, swarane lirih-lirih menawa Inah ana
nang cedhake. Sebab, menawa Inah krungu sithik wae Paimin isih ngotak atik
perkara HP, orao diajak rembugan kae, Inah bakal melu-melu lan ngomong
sadawane. Dadi Paimin wanine ngethik anake supaya anake sing ngomong karo
Makne. Pikire, suwening-suwe bojone kuwi bakal luluh lan ngolehke Paimin tuku
HP. Sebab liya, Paimin ora sansaya ndadi kekarepane, margo sawise
dipikir-pikir, dheweke mbenerake apa sing saben dina digrundelake bojone kuwi.
Dikethik
bapake ngono, anake sing cilik mangkat tenan. Dheweke nang ndapur, nyedhaki
makne sing lagi daden geni.
“Mak, tak
matur tha Mak.”
“Ana apa Wit,
apa wis rampung olehmu ewang-ewang, kok wis mrene.”
“Nganu,
mbenjang tha Mak,”
“Apa. HP
maneh. Kowe kuwi saben dina sing dirembug kok, HP.” Durung rampung anake olehe
arep matur, wis disauri karo Inah. Sebab, Sanajan Paimin olehe kongkon klesik-klesik,
jebul Inah krunggu, sebab pas Paimin ngethik anake mau, Inah mbutuhake rek sing
bar dienggo udut Paimin. Rek kuwi, dideleh lincak cedhak olehe padha nyuweki
kertas kana mau.
“Mbenjang tha
Mak,” anake kuwi mau, nrucul wae omongane arepa Inah sajak mengkak.
“Mbenjang tha
Mak, menawi sampun gadhah HP, Mamak saget sms-an saben dinten kalih mbah putri
lan mbah kakung. Wong mbah putri nggih kagungan HP. Mangkeh menawi
kinten-kinten cakare kirang, Mamak saget sms nyuwun dienggehi. Riyin nika, pas
cakare kirang, wong jare kersane dodolan namung bar magrib dugi ndalu margi
badhe tilik tiyang sakit trus mboten sios, Mamak gage tindhak pasar jebul pun
telas. Ngendikane mbah putri cakare nembe mawon telase. Menawi saderenge budhal
sms riyin rak cakare saget dienggehake kaliyan mbah putri. Ajenga ingkang mande
cakar simbahe piyambak nika, rak nggih mboten pirsa menawi cakare kirang, dados
nggih disade dateng piyantun sanes. Napa malih simbah putri kaliyan simbah
kakung menika namun kekalih wonten ndalem. Mangkih menawi kangen rak saged sms.
Menawi mamak kangen simbah nggih saget telpun.”
“Wit, Wit,
omahe simbahmu kae rak ya mung cedhak. Mlaku ya tekan. Menawa kangen ya bisa
mara, mlakune ora nganti jam-jaman. Bab cakar ora kena dienggo alasan, wong ora
saben dina ana lelakon kaya mangkono. Wis kana, rasah motar matur bab HP maneh.
Bapakmu ki pancen kok,” ngomong ngono kuwi Inah ora mandhek anggone manggawean.
Wiwit sing wis apal lagone Makne langsung lunga, bali melu bapake. Menawa wis
ngono kuwi mamake wis ora kena diajak rembugan maneh.
“Ngendika
piyambak Pak, kalih Mamak. Wong Mamak mboten mirengke leh kula matur kok,”
tembung anake kanthi rupa nyuntrut.
Paimin meneng
wae ora semaur. Keluarga menawa ora kompak kabeh rak kuwi ora luwes, bisa-bisa
mung njalari masalah tiba mburine, batine Paimin.
Cerpen Bahasa Jawa: Soto Angkringan
http://seindahsenja.wordpress.com/
ARTIKEL TERKAIT: