Mundhak
Cerpen Bahasa Jawa: Soto Angkringan
“Mas Proyek,
sampeyan wingi, ngulungke dhuwit, banjur bablas mlayu wae. Nika kurang sampeyan
mbayare.” Uwong sing sajake lagi proyek lan dina-dina iki pendhak wengi jajan
nang angkringane Paimin jebul teka maneh bengi kuwi. Lingguhe isih tetep nang
kursi biasane. Dadi nalika teka Paimin bisa langsung nyapa. Paimin apal,
kelingan wae.
Disapa mas
Proyek, pawongan kuwi ora protes, wong dheweke pancen lagi kerja nang proyek
tenan. Rumangsa kenal karo tukang angkringan. Ewa semana dheweke uga wangsulan.
“Wah,
sampeyan mbok mboten gawe-gawe. Biasane regane nggih samonten. Kula bola-bali
jajan mriki nggih sampeyan protese namung sakniki. Wingi-wingi sampeyan mendhel
mawon. Niku rak berarti sampeyan gawe-gawe. Kula mbayare nggih sami.” Pawongan
kuwi mau sajak ora trima diomongi menawa olehe mbayar wingi kurang.
“Sampeyan
wingi ngulungke artha langsung ngeplas bablas ora tolah-toleh ana wong celuk-celuk.
Kula rak wingi nyeluki, ngomong menawi sampeyan mbayare kirang.”
“Lha enggih,
kula niku selak ajeng teng wingking. Pun ora kuat malih nahan. Genahe pripun
niku.” Bab alasan cepet-cepet lunga dheweke ngapusi wong satenane dheweke selak
kepingin ngombe. Nanging rumangsa wingi nalika sawise mbayar dheweke ngeplas
sakbare ngulungke dhuwit, dheweke ngakoni wae.
“ Njenengan
kedah nambahi kirange wingi, sampeyan wingi ngulungke artha samenten tha,”muni
ngono Paimin karo nuduhake dhuwit. “Niki nggih arthane sampeyan, taksih tak
simpen. Tak duduhke sampeyan saniki. Niki kirang niki,” Paimin nuduhake dhuwit
sing wingi diulungake dening pawongan kuwi.
Ngerti
dhuwite wingi isih disimpen, dhuwite pancen kaya ngono, wis lusuh, pawongan
kuwi ora bisa selak. “Enggih samonten, biasane kula mbayare nggih samonten.”
“Biasane
pancen samonten, nanging kawit wingi regane rak mindhak, dados sampeyan mbayare
kirang. Sampeyan ngeplas, diceluk-celuk bab mbayare kirang, bablas mawon,”
semaure Paimin seru, nggenah-nggenahake.
“ O, dados
regine mindhak.”
“Mindhak,
barang-barang saniki larang kabeh. Beras larang, lengo larang, niku sebabe
dodolan kula regine nggih mindhak.”
Paimin mau
sakawan-awan krungu anggone bojone grundelan. Dheweke isih mangkel, sebab
bojone olehe omongan ora meneng-meneng. Saiki ana papan dienggo muntapke
mangkele, ya digunakake. Pawongan kuwi mau rumangsa salah, diocehi Paimin, ya
ora bisa selak. Malah olehe mangan alon-alon, wis ngono ndingkluk wae ora
mlirak mlirik kaya biasane.
Bojone
Paimin, si Inah, sakawan dhek ora nglerenke kuping. Arep ora dirungokake, lha
olehe grenengan seru-seru. Ana ing sisih ngendi wae kepara isih rungu. Bisa uga
tanggane kiwa tengen padha krungu.
“Beras
mundhak, barang-barang mundhak. Sesuk nek ora bisa kulakan, wong kaya ngene iki
rak ora bisa dodolan. Jare pemerintah kuwi duwe menteri ekonomi sing pinter,
nanging njaga reregan ora mundhak wae ora bisa. Menterine kuwi terus gawehane
ngapa? Menawa ngundhakake rega wae aku yo bisa. Menawa ngono carane, wis ora
usah golek mentri sing pinter-pinter. Kabeh uwong menawa kur pasang rega wae
rak ya bisa.
Dhuwe
pemerintah kuwi sejatine supaya bisa ngayomi rakyat ngene iki. Supaya ora perlu
saingan urip karo wong sing wis kelair sugih. Lair procot warisane wis atusan
juta. Kepriye wae menawa wong cilik bisane kuwi mung ngalah. Nanging mbok ya
ora banget-banget. Dumeh wong cilik biasa ngalah wae dikalahke terus-terusan.
Ora tau dibelani kepentingane. Mengko, ngerti-ngerti, arep bangun apa, iuran.
Sithik-sithik swadaya. Trus pajek-pajek kae dingandekake.
Beras kae.
Jare negara iki penghasil beras. Lha kok bisa-bisane beras regane mundhak ora
ketulungan. Biyen wayahe panen, wong tani kae yo dikon adol nang pemerintah,
pemerintah nukoni berase wong tani, olehe nuku regane ya ora cucuk karo ragat
sing wis dikecakke karo wong tani. Jare berase arep disimpen. Mengko
sawayah-wayah butuh wong cilik oleh nuku beras kuwi. Lha endi saiki. Simpenane
bisa-bisa didol melu rega sing wis dhuwur. Sengaja golek badhi. Lha nek mung
bisa mbadi rakyate dewe wae ora usah padha gembagus. Ngono kuwi rak jenenge ora
becus.”
Wis ngomong
nrucus ora mandhek-mandhek kuwi, si Inah isih nerusake maneh.
“Nang TV kae
si A ngomong ngene, si B ngomong ngono. Sing bener banjur sing endi.
Kabeh-kabeh ngomong thok. Janji-janji mung padha lamis, ora ana sing
dinyatakake. Sajake mung padha pinter-pinteran ngomong. Mengko bisane
mrentek-mrentek. Kabeh-kabeh disalahake, kabeh-kabeh digawa-gawa. Sing
angkutane susah. Sing dalane bolong-bolong aspale ora alus. Sing iki. Sing
kuwi. Sing ngene. Sing ngono. Nyalahke kana nyalahke kene. Ora padha
ngrumangsani salahe dhewe-dhewe. Ora padha rembugan bareng-bareng kepriye apike
tumrap wong akeh. Golek apike dhewe, golek benere dhewe. Golek amrih bathine.
Penggedhe kok
saya suwe sansaya ora bisa dinut. Omongane padha mencla mencle. Esok abang awan
kuning, kaya bunglon wae. Dadi penggedhe kuwi rak kudune kaya wong tuwa momong
anak. Sing tansah dipikir lan diupayakake kepriye amrih becike anak. Lha menawa
wong tuwa ora mikirke anak maneh, kapan anake bisa gedhe. Ngono kuwi rak
jenenge wong tuwa mburu senenge dhewe. Saru. Ora patut ditiru. Aja turun anak
putu.
Menawa dadi
penggedhe kuwi sing tansah dipikir awake dhewe, kuwi jenenge durung siap dadi
penggedhe. Apa maneh menawa sing diburu kuwi kandonyan. Diangkat dadi penggedhe
kuwi rak sapa wonge sing siap lahir batin. Siap lahir kuwi dene kudu gagah
dedeg piadege supaya sapa wong sing mbutuhake dheweke, dheweke tansah sumadyo.
Siap batin kuwi ateges lila legawa gawe senenge wong akeh. Kadhang tansah
ngalahake kekarepane. Ngono kuwi lagi jenenge penggedhe. Wong sing aweh
pangayoman.”
Menawa ora
kudu nang mburi marga kebelet, Inah paling urung leren anggone grundelan.
Ngerti Inah meneng, Paimin krasa lega. Nanging mangkele isih kegawa nalika wis
dodolan. Malah nganti tekan wengi mangkel kuwi mau urung kelair. Isih ngganjel.
Saiki kepeneran, ana pawongan sing bisa didadekake panggon numplekake mangkele.
Paimin dadi ketularan bojone, nrucus ora karu-karuan.
“Priye maneh,
Mas Proyek. Kabeh bahan sing didadekake panganan nang kene iki bahane mundhak.
Menawa ora melu ngundhakake rega tenehan rugi. Sesuk ora bisa kulakan maneh.
Wingi mawon, nalika reregan nembe mundhak, ndalu saderenge olehe dodolan regane
nggih padha biasane, akhire ora sida badhi. Olehe dhuwit kabeh mung dienggo
kulakan. Dados ampun nyalahke kula menawi sakniki reregan ten angkringan mriki
nggih melu-melu mundhak,” ujare Paimin.
“Kula mboten
nyalahake njenengan kok, niku pun limrah. Reregan wonten mriki ngetutke reregan
liyane,” pawongan kuwi semaur, olehe ngomong diterusake.
“Waduh, ning
kula nambahi kirangge mbenjang nggih, niki kula mbetane artha namung ngepas.
Kula pun kebacut mangan cakar. Menawi kula mboten mangan cakar janjane nggih
saget nambahi sakniki. Cakare niki regine nggih mindhak napa?”
“Enggih,
cakare nggih mindhak, lha wong pakan pithik nggih melu-melu mindhak. Ora
pangane manungsa thok sik mundhak, pangan pithik uga mundhak.”
“Waduh,
berarti,” ngomong karo sajak khuwatir, pawongan kuwi ngetokake dhuwite.
“berarti dhuwitku kurang maneh, Mas. Niki kula nggawane samenten. Mbenjang
nggih kirange.”
Paimin sing
wis kewetu kabeh mangkele sajak sareh. Wis ora nrucus maneh. “ora apa-apa, Mas
Proyek. Sesuk olehe nambahi ora apa-apa. Mas Proyek, sesuk mriki malih tha….”
Cerpen Bahasa Jawa: Soto Angkringan
http://seindahsenja.wordpress.com/
ARTIKEL TERKAIT: