Layang Saka Suriname
Cerpen Bahasa Jawa: Layang Saka Suriname
Swarane
sepedha motor Pak Pos mandheg aneng ngarep omah, ngagetake anggonku ngalamun,
wayahe lagi jam setengah sepuluh awan. Dina iku babarpisan ora nyana yen aku
entuk kabar saka nggone David Sutarmin KT ing Suriname. Yen dirunut sarasilahe,
David Sutarmin KT iku isih sedulurnunggal mbah buyut karo aku nanging ngertine
ya lagi saiki amarga dheweke urip ana negara Suriname sing adoh bangetjare ana
poncote donya iki. Layang banjur tak bukak kebak pengarep-arep, gek kabar apa
meneh sing diwartake sedulur nunggal mbah buyut sing mung tak weruhi rupane
saka gambar poto sing nate dikirimake.
"Assalamu'alaikum
ww"
Layang katur
Kangmas Parja Sastratinaya kang kinurmatan, sakdurunge aku ngabarake kahananku
ing Suriname, tak jaluk kabeh sedulurku ing tanah Jawa Indonesia padha
keslametan lan karaharjan, dene aku sakulawarga uga padha slamet lan entuk
rohmating Gusti Allah SWT.
Mengkono
pambuka layang sing tak waca. Aku banjur unjal ambegan, jebul sedulurku iku
isih ngrasuk agama Islam kaya agama sing dirasuk kabeh sedulurku, katitik saka
anggone menehi salam mau. Layang banjur tak waca sakteruse.
Aku
sakulawarga ing Suriname padha slamet lan oleh rohmating Gusti Allah SWT, malah
sedhela maneh (sak-wulan) engkas aku bakal pensiun saka pegawe negeri
pamarentah Suriname. Sanajan aku pension, nanging mbokmenawa beda karo para
pensiunan pegawe neng tanah Jawa Indonesia. Neng kene (Suriname) kabeh pegawe
sing mlebu wayahe pensiun iku wis dilatih kapinteran nyambut gawe apa wae sing
disenengi lan sing luwih penting sakliyane oleh pensiunan sing lumayan gedhe
saben sasine isih entuk pesangon kanggo modhal usaha mau. (Sejatine pensiunan
ing Suriname iku wis cukup malah kepara turah), kepinteran mau amung kanggo
ngisi wektu sing longgar. Nalika arep wayahe pensiun aku melu latihan madeg
dadi wiraswasta, gawe lan dodolan panganan sing dibutuhake wongJawa Suriname,
rencanaku arep gawe lan dodolan "Gethuk Lindri lan Klepon”, kava sing sok
dicritakake swargi simbah biyen.
Sakeplasan
aku banjur kelingan layange David. Sutarmin KT sing tak tampa rong sasi
kepungkur, aneng layang iku David Sutarmin KT crita yen ing negara Suriname
saiki wis maju banget, mbokmenawa kemajuane negarane ngungkuli Jawa Indonesia.
perlu tak aturake, sabensaben David Sutarmin KT nyebut Indonesia mesthi nganggo
sebutan Jawa Indonesia, jare kanggo nguri-uri lan dadi pepeling marang anak
turune yen dheweke iku sejatine wong Jawa sing di gawa dening penjajah Walanda
menyang tanah Suriname didadekake buruh perkebunan, pamrihe anak turune ben
bisa ngurmati para leluhure sing urip ngrekasa digawa Walanda, amarga akeh sing
wis padha mati lan dibuwang ing saktengahing laut nalika digawa mrana, uga bisa
sesambungan utawa silahturami marang sedulure ing Jawa Indonesia sanajan mung
lumantar surat, telepon utawa internet, malah diajap sing isih enom lan uripe
kepenak padha gelem dolan menyang Jawa Indonesia nggoleki sedulure dhewedhewe.
Aneng layang mau dicritakake yen warga penduduk Suriname mligine wong sing saka
Jawa Indonesia saiki padha urip kamulyan amarga akeh sing urip kecukupan malah
kepara sugih mblegedhu lan nguwasani ing pamarentahan (sing dikarepake
menduduki jabatan penting). Menawa katandhingake wong Jawa sing ana tanah Jawa
Indonesia malah saiki uripe luwih kepenak. Awit saka sugihe mau wong-wong wis
padha lali karo panganan asli saka Jawa Indonesia sing jenenge Gethuk Lindri
lan Klepon. "Kang Parjo, saiki bocah-bocah enom padha wis ilang
Jawane". Uga dicritakake para kanoman wis ora ngerti maneh Gethuk Lindri
lan Klepon, sing dingerteni mung panganan saka negara manca kaya: sakwernane
Roti, Hamburger, Spaghety, Pisa, Donat, Kebab, Isp. Kabeh mau panganan saka
manca negara sing saiki wis mratah aneng Suriname. Semono uga wis akeh sing ora
ngerti masakan saka Jawa Indonesia Kaya jangan Lodheh, Sambel goreng, Semur,
Gudheg, Oblok-oblok, Terik, Brongkos, Bobor, Rawon, Bothok, Tumpang, Isp.
"Yen ora kabotan aku nyuwun ngerti piye carane lan resepe gawe Gethuk
Lindri lan Klepon”, ngono critane. Nalika maca layang dhek semana aku ora pati
nggape, mongsok gawe Gethuk Lindri lan Klepon wae ora bisa, tur ya arep kanggo
apa?, layang banjur tak waca meneh:
"Kang
Parjo, aku nyuwun tulung tenan, piye cara lan resepe gawe Gethuk Lindri lan
Klepon, amarga yen wis bisa aku arep bukak usaha toko khusus Gethuk Lindri lan
Klepon, yen bisa cara lan resep iki cepet dikirim lewat pos (Aja dikirim lewat
internet). Mbesuk yen toko Gethuk Lindri lan Klepon mau laris, Kang Parjo arep
tak kirimi dhuwit sakperlu kanggo ragad dolan menyang Suriname, iki njanjiku
Kang".
Mak jleg
rasaning ati maca layange sedulurku saka Suriname mau, najan ketoke sepele
jebul nguri-uri kabudayan sing wujude panganan lan olah-olahan mau penting
banget, yen anak turune dhewe mbesuk uga ora ngerti kabudayan Jawa njur piye
dadine mengko? Aku banjur nerusake anggonku maca layange David Sutarmin KT.
Kang Parjo,
aku optimis banget yen usaha iki bakal maju lan dadi gedhe, malah rencanaku
arep tak pepaki dadi rumah makan sing dodolan sakwernane mangsakan Jawa kaya
sing tak critakake ing layangku mbiyen. Wah mendah senenge mbesuk aku yen Kang
Parjo utawa anakmu ana sing gelem menyang Suriname, bab wragad aku mengko sing
ngongkosi, wektu saiki aku lagi sibuk mbangun toko sing bakale tak enggo
dodolan Gethuk Lindri lan Klepon mau. Sakliyane iku aku duwe cita-cita, mbesuk
arep bukak kursus basa Jawa ing Suriname kene, wah mendah pintere wong Jawa
Suriname mengko, bisa basa Jawa alus lan ngerti tata krama lan unggah-ungguh
kaya budayane leluhure sing isih ana neng Jawa Indonesia".
Lagi tekan
semono anggonkd maca layange David Sutarmin KT mau aku dadi melu ngguyu dhewe.
Kok kahanane meh ora beda karo sing ana kene, sanajan wong Jawa isih akeh
cacahe lan urip ing tanah Jawa, nanging kasunyatan akeh wong Jawa sing ora bisa
Njawani. Semono uga bab panganan lan olahan Jawa, akeh sing wis padha
nglirwakake, ngendi ana cah saiki ngerti lan doyan mangan jangan Brongkos utawa
Bobor mbayung? Layange David Sutarmin KT banjur tak tutugake anggonku maca,
Kanggo
sawetara aku nyuwun dikirimi majalah utawa koran sing abasa Jawa, (dhuwite
bakal tak kirim lewat bank, aku nyuwun nomor rekeningmu Kang). Sanajan aku iki
wis tuwa, nanging aku isih seneng mangerteni kahanan Jawa Indonesia, piye
kabare pemilihan presiden sing bakal teka, calon presidene apa ya wong saka
Jawa? Aku percaya yen Pak Susilo Bambang Yudhoyono (SBY), iku wong Jawa; Pak
Prabowo, pak Wiranto, Sultan Ngayogjakarta lan Bu Mega (anake wedok Soekarno)
iku ya wong Jawa, nanging Hidayat Nur Wahid lan Jusuf Kalla iku apa ya wong
Jawa? nanging kabeh mau ora penting Kang, sing penting wong Jawa utawa wong
luwar Jawa kudu gelem nguri-uri lan ngrembakakake basa lan kabudayan Jawa,
eman-eman Iho Kang aja nganti cures, wong aku dhewe sing ana Suriname isih
kober nguri-uri basa lan kabudayan Jawa. Oh, iya Kang, apa Majalah
"Panjebar Semangat" weton Surabaya kae isih urip? Dhek emben aku maca
kabar saka internet jare tlatah Grogol Sukoharjo kebanjiran meneh, wah mesakake
iku rak nggone simbah-simbah swargi mbiyen ta? Saktemene isih akeh kabar lan
panguneging ati sing bakal tak tulis, nanging semene dhisik wae mbesuk
disambung maneh. Model nulis laying ngene iki kanggoku malah bisa tetep
nuwuhake rasa kangenku saka negara sing adohe ana sak poncote donya. Kae Kang
swarane adzan Maghrib wis kumandhang banter celuk-celuk wong Jawa padha
manembah marang Gusti Kang Akarya Jagad, yen aku mono isih mbacutke dhawuhe
para sepuh, sholat iku ya madhep mengulon kaya dhek jaman isih aneng Jawa
Indonesia kae.
Saka
sedulurmu,
David
Sutarmin Kartotinaya
Layang banjur
tak lempit, atiku krasa bungah jebul isih duwe sedulur sing adoh panggonane
nanging isih gelem nulis layang, kamangka jaman saiki wis akeh sing padha
ninggalake nulis layang, pilih padha telepon apadene SMS-an wae jare luwih
cepet, sanajan yen aku sok maca SMS kae tembung-tembunge jan ora ana sing genah
malah ora ngerti tata basa. Wengi iku aku wis tata-tata arep nulis layang
walesan lan nuruti penjaluke sedulurku sing ana Suriname mau. Mbokmenawa sasi
ngarep dheweke wis bisa miwiti bukak toko Gethuk Lindri lan Klepon aneng
Suriname kana.
Cerpen Bahasa Jawa: Layang Saka Suriname
saking Majalah Panjebar Semangat
Sumber : http://javaislandstory.blogspot.com/
ARTIKEL TERKAIT: