Ketik di sini apa yang ingin dicari lalu Klik “Cari Di Sini”

Cerpen Bahasa Jawa: Lintang Panjer Esuk Wis Angslup



Lintang Panjer Esuk Wis Angslup
Cerpen Bahasa Jawa: Lintang Panjer Esuk Wis Angslup

Esuk kuwi aku lagi ibut resik-resik kamar, kebeneran dina kuwi dina Minggu. Dadi aku akeh wektu kanggo resik-resik kamar mess kang disedhiyani dening yayasan panggonanku nyambut gawe. Lagi nedheng-nedhenge ngresiki rak buku karo ngrungokne radio, ujug-ujug hapeku muni. Ana sms kang mlebu sajake, aku kelingan yen dina iki aku janji arep mlaku-mlaku karo calon bojoku. Gageyan aku nyandhak hape kang gemlethak ing kasur, mbok menawa sms saka dheweke.
"Jeng, Aku lan Tiara wis boarding pas kanggo penerbangan jam 10.00 saka Sepinggan. Sepurane, wis ngrepoti Jenengan" Oh jebul sms saka mas Satrio.
Aku lagi arep mejet hape kanggo mbales sms-e, hape-ku wis muni maneh. Ana sms siji maneh sing mlebu, aku wurung mbalesi sms-e mas Satrio, lan milih mbukak sms kang mentas wae teka.
Unine: "Sakjane tekaku mrene iki, arep njaluk slirane supaya dadi sesulihe ibune Tiara sing wis marak Gusti setaun kepungkur. Nanging aku pranyata telat. Selamat ya jeng, Muga-muga jeng Rastri bahagia"
Pleg... atiku kaya didhodhog. Awakku gemeter lan lemes saknalika, dadi mau bengi kuwi mas Satrio wis goroh marang aku. Mas Satrio balik Jakarta cepet-cepet ora merga ana tugas, nanging sak temene atine gela marang kejutanku.
"Dhuh Gusti... sepuranen aku ya mas. Aku ora ngira babarpisan marang kekarepanmu teka mrene kanthi ndadak iki" Ora krasa pipiku teles dening eluh kang tumetes merga saking rasa trenyuh campur getunku. Aku ora nyelaki yen sejatine atiku isih mendhem rasa tresna marang Mas Satrio. Lan aku uga ngerti banget yen sejatine mas Satrio isih nyimpen aku ana ing njero atine. Salahku geneye ora tanggap ing sasmita nalika limang sasi kepungkur mas Satrio kirim email kang surasane nakoni kasedhiyanku menawa diajak urip bebarengan maneh. Nalika kuwi aku mung mangsuli "Ya mas, tak pikir-pikire dhisik" Pranyata wangsulanku kuwi didadekne piyandel dening mas Satrio. Emane mas, emane kenangapa njenengan kok ora critao yen saiki wis dhewekan maneh.
"Mas Satrio.... " aku undang-undang rada rangu-rangu marang pawongan kang ngadeg ngungkuri aku. Pawongan mawa klambi bathik motif kopi pecahpecah lengen dawa, kang padha-padha lagi ngestreni acara wisudha ing Universitas Gadjah mada.
Rumangsa ana sing ngundang jenenge, pawongan kuwi banjur mengo memburi. Meneng sauntara karo ngawasi aku mengisor mendhuwur.
"Mas iki aku mas, Rastri..." aku nyoba mbaleni nyapa kanthi nyebut jenengku. "He he... Njenengan ta iki jeng. Masya Allah, pangling aku Jeng." Ngomonge sajak surprise banget.
"Piye-piye kabare Jeng,” ucape sak banjure nakokake kabarku.
"Apik mas. Njenengan kok wis katon sepuh ta mas?"
"Hehe ya wis ngene iki Jeng. Umur ora isa diendheg. Sing penting sehat. Lak ya ngono ta jeng" saure.
"Lha iki gek ngestreni putrane wisudha apa piye?" takone.
"Iya mas. Wisudhane anak lanang;" wangsulanku.
"Lha endi putrane?" mas Satrio nggoleki anakku lanang karo ngubengke panyawange nggoleki anak lan bojoku.
"Lagi nyang mburi, ngeterke bapake"
"Lha njenengan dhewe?" aku mbalik takon.
"Aku ya lagi ngancani Tiara wisudha iki," jawabe.
"Oh... cah ayu biyen kae ya mas?"
"Iyaa... saiki bocahe kan lagi lulus S2ne. Lha kuwi apa bocahe mrene," njlentrehe karo nudingi pernahe bocah wedok kang nyandhang toga werna biru tuwa. Katon ayu banget.
Aku ngenut arah drijine mas Satrio, aku ora bakal lali karo sorot mripat rongpuluh taun kepungkur. Sorot mripate bocah wadon cilik kang manja banget marang aku.
"Tiara, iki Bu Rastri. Salim dhisik ndhuk." Prentahe mas Satrio nalika Tiara wis nyedhak.
Kanthi sopan, bocah wadon ayu kuwi nyalami aku lan ora lali ngarasi tanganku. Aku bales karo ngrangkul lan ngarasi pipi nggemesake biyen kuwi, kang saiki wis dadi prawan ayu.
"Isih kelingan ora cah ayu karo Ibu?" takonku marang dhewekne.
Tiara mung mesem karo isih nyawang aku. Mbok menawa karo ngeling-eling nate ketemu karo aku kapan lan ana ngendi.
"Ha ha..... wis lali sajake Jeng," mas Satrio sing mangsuli pitakonku.
Aku mesem karo terus takon: "Lha iki terus kapan nak Tiara arep dimantu?" pitakonku karo nglirik Tiara.
"He he mbuh kuwi jeng. Sakarepe bocahe. Wong bubar wisudha iki mengko malah langsung bablas mambur nyang Jakarta terus mblandhang dhines neng Prancis. Mbuh sapa iki mengko sing arep ngurusi aku ndhik kene," celathune mas Satrio mangsuli karo ngepuk-epuk pundhake anake.
"Ngomong-ngomong, neng Yogja iki arep pirang dina Jeng?" takone nerusake olehe jagongan.
"Lho, aku saiki rak manggon neng Yogja mas. Wis meh setaun iki," wangsulanku.
"Wow alah... tiwas kebeneran yen ngono. Aku bakale ora kesepen ditinggal dening Tiara. Aku saiki ya leren neng kene kurang luwih wis karo tengah taun." Mas Satrio sajak seneng Ian mesem marem nalika ngerti yen saiki aku wis pindhah ing Yogja uga.
Sakwise sapatemon kang ora kajarag kasebut, antarane kulawargaku lan mas Satrio dadi akrab. Prasasat mas Satrio kaya wis dadi sedulur dhewe tumrap aku lan anak bojoku, kang ora mangerteni menawa biyen nate ana crita liya antara aku lan mas Satrio.
Lan esuk iki, ganep ing yuswane mas Satrio kang kaping suwidak telu taun. Aku isih lungguh njegreg dhewekan ana ing teras rumah sakit Dr. Sardjito. Eluhku tumetes nelesi pipiku kang wis ora kenceng maneh, ngancani turahan tangisku kang isih mingseg-mingseg.
Sewengi aku ngancani mas Satrio ing wektu-wektu akhir hayate ing rumah sakit iki. Subuh mau, nalika adzan Subuh ngumandhang ing mesjid; mas Satrio tangi dadakan saka komane. Kapinujon aku lagi lungguh ing sandhinge. Melek byar, katon pasuryane kang seger kaya ora lagi nandhang lara. Sorot mripate tajem, tajem kaya nalika isih mudha...., kang nate gawe atiku trataban biyen.
"Jeng... kok njenengan neng kene. Lho, aku iki neng endi jeng?" pitakone.
"Iya mas, iki aku Rastri. Njenengan saiki lagi ing rumah sakit. Mas Satrio wis telung dina iki koma sakwise tiba keplesed ing Kaliurang wingi kae," aku njlentrehke alon-alon. Tangane kang temumpang ing dhadhane tak cekel alon-alon. Akungrasake hawa kang lembut lan anget ing dhuwur dhadhane.
Mas Satrio mesem, banjur njaluk tulung aku supaya mbantu olehe arep tangi saka peturon.
"Jeng... aku pengin sholat. Tulungana aku sedhela"
"Mas... mas sareyan wae dhisik. Aku tak ngundang dokter piket ya,” aku nyoba nahan mas Satrio supaya ora tangi-tangi dhisik lan arep ngundang dokter ben mriksa kahanane.
"Ora usah jeng... Aku selak pengin sholat:"
Sidane aku ngalah, Ian nuruti kekarepane. Mas Satrio banjur tak tuntun menyang kamar mandhi.
"Lha garwane endi. Kok dhewekan?" karo mlaku mas Satrio isih kober nakokake bojoku.
"Ana mas. Lagi menyang mesjid, sholat Subuh:" Wangsulanku.
Sak wise mas Satrio mlebu jedhing, aku banjur golek sajadah. Kebeneran aku sangu sajadah saka omah, terus tak gelar ing sisihe dipan mujur ngulon. Ngerti yen wis dicawisake panggonane sholat, mas Satrio banjur miwiti anggone sholat Subuh.
"Allah.. hu akbar..." ora suwe mas Satrio wis katon khusyuk anggone shalat Subuh. Karo ngenteni anggone sholat, aku lungguhan ana ing kursi cedhak jendhela. Kordene tak bukak saengga aku bisa nyawang lintang Joko Belek kang isih padhang sumunar. Aku dadi kelingan marang puisi kang nate ditulis dening mas Satrio mligi kanggo aku biyen. Puisi kuwi isih tak simpen nganti saiki. Aku mesem nyawang Lintang Panjer Esuk kuwi kang ngelingake aku marang crita-crita lawas kang endah Ian romantis antarane aku lan mas Satrio.
Lamunanku buyar nalika aku sadhar yen mas Satrio olehe sujud sajak suwe banget. Kuwatir yen ana apa-apa, aku banjur nyedhaki mas Satrio kang isih sujud kuwi.
"Mas... " aku nyoba ngganggu kekhusyukane merga kegawa rasa was sumelang.
"Mas... mas Satrio, tak baleni anggonku celuk-celuk kanthi suwara alon.
Merga ora ana reaksi, akhire tak wanek-wanekake nggugah anggone sujud. "Mas... mas Satrio.." lengene tak candhak karo setengah tak hoyog-hoyog. Panggah meneng wae....
"Mas... Masya Allah... Mas... Innalillahi..." tangisku pecah sanalika bareng aku ngerti yen pranyata mas Satrio wis ninggalake ragane kanggo selawase. Bali ing alam kelanggengan tumuju. marang Gusti kang tansah disuyudi sak suwene iki.
Saiki kari aku dhewekan kang meneng angluh ing emperane rumah sakit Sardjito iki. Lintang Panjer Esuk wis angslup digenteni dening esuk kang rantak-rantak ing bang-bang wetan. Lintang kuwi angslup nggawa janji prasetya kang nate diucapke marang aku. Aku isih kelingan ujare biyen, yen ta mati sukemben pengin mati ing kahanan sujud amarga ing mangsa sujud kuwi, jarene jarak paling cedhak antarane kawula lan Gustine. Dheweke uga janji yen bakal tansah nurahake separo atine kanggo aku. Lan kuwi'kabeh disembadani...


Cerpen Bahasa Jawa: Lintang Panjer Esuk Wis Angslup
saking Majalah Panjebar Semangat
Sumber : http://javaislandstory.blogspot.com/

ARTIKEL TERKAIT: